Sepisan Lan Pungkasan
PEMERAN:
Abdul Ghofar berperan sebagai Adri Prastya Pratama
Lia Khusniati berperan sebagai Zivana Olindia
Mujiyanti berperan sebagai Inesa Karisma Putri
Ahmad Hasbi Asidik berperan sebagai Ilham Fauzie
Moh. Hamzah berperan sebagai Aji Arfiansyah
Reza Ainur Rofiq berperan sebagai M. Eza Anugrah
Siti Solikhati berperan sebagai Ibu Nely(Ibu Adri)
Tis Aety Qoty Alba berperan sebagai Ibu Guru Meyriska
Ana siji bocah sekolah kang jenenge Adri. Adri iki bocah kang awit lair wis cacat sikil. Adri sekolah ing SMKLB kelas 10. Amarga Adri ora nduwe kanca ing SMKLB, Adri pindah ing sekolah umum yaiku SMK N Hasim Asy’ari.
Adegan I
Adri :”Bu, Adri pindah maring SMK N Hasyim Asy’ari mawon njiih bu..”
Ibu :”Bisane pindah nang?”
Adri :”Adri mboten enten kancane bu teng SMKLB”
Ibu :”Ohh...Ya wis, karepmu baelah, sing penting kowe pinter lan betah”
Adri :”Matur nuwun njih bu..”
Ibu :”Iya, iya”
Rong dina sa’wise Adri matur maring ibune, Adri pindah maring SMK N Hasyim Asy’ari. Ing dina pertama mlebu sekolah, Adri kenalan ing ngarep kelas.
Adegan II
Ibu Guru :”Bocah-bocah, ing sekolahe dhewek ana siswa anyar, monggo dikenalna awakmu maring kanca-kancamu!”
Adri :”As...as...Assalamu’alaikum Wr. Wbr.”
(Bocah-bocah padha cekikikan)
Bocah-bocah :”kikikikkk...wa...wa’alaikum salam Wr. Wb.”
Adri :”Je...jeneneng...jenengku Ad...Adri(jarene gugup) A...aku sa...saka Ess...SMKLB Harapan 1”
Dheweke di geguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame bocah-bocah padha cekakan. Ibu Guru ndawuhi murid.
Ibu Guru :”ssssstt...Mendel o mendel!!”
(nanging gemuyune bocah malah tambah rosa)
Ibu Guru :(kethok meja)tok tok tok
”MENDHEL!!!”
(Bocah-bocah meneng)
Bocah-bocah ngempet ngguy ngathi rupane abang. Maksude kareben ora di senengi bu Guru.
Adri :”En...enten sing badhe di takekan?”
Aji :”Hobine apa?”
Eza :”Ngemiss..”
Bocah-bocah :”Wkwkwkwkwk”
Olin :”huzz...mbajor!”
Ibu Guru :”Wis... wis... wis... Aja ribut!’
Adri :”Njih bu...”
(Adri lungguh nanging ana rasa mesakake sumeup ing atine Adri)
Tet...tet...tet bel istirahat moni, bocah-bocah padha metu kabeh kecuali Adri lan Olin. Adri lagi nulis-nulis ing bangkune, Olin lagi mberesi buku ing tase, Olin ndeleng Adri sing lagi dhewekan.
Adegan III
Olin :”Dri...Mboten istirahat?”
Adri :(Adri sing lagi nglamun kaget ding suarane Olin)
”Oh...Eh...Mboten, niki badhe nulis mawon”
Olin :”Oh..Nulis nopo sih?”
Adri :”Nulis pelajaran mangke niki sih...”
Olin :”Emmm...Oh ya, jenengku Zivana Olindia, timbali Olin mawon”
(mbari ngulurake tangane maring Adri)
Adri :(Berjabat tangan)”Njihh, salam kenal”
Olin :”Sami sareng, moga betah yo sekolah neng kene”
Adri :”njiih...Amin...”
Olin :”Medal krihin njiih”
Adri :”njiih...!”
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile di sandung karo kancaku sing gaweyane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak marik ing jubin.
“Brukkkkk...”(suara buku tiba)
Adegan IV
Adri :”Aduhh...”
Eza :”Eh, Maaf di sengaja...Hahah...!”
Ines :”Za, kowe tah kaya kuwe nemen sih...”
Eza :”Lah wis poran...!”
Olin :”Za, melas ohh...!”
Eza :”Cah kaya kuwe be di melasi nggo apa?”
Ines :”Ckckckckc...Eza...Eza...!”
(Olin njagong banjur mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik ing jubin, nanging).......
Eza :(mbari nyeret tangane Olin)
”Lin, apaan sih...Cah kaya kuwe be ora usah di tulungi!”
Olin :”Ihh...Za, apa sih ko?
Melas o Adri, bukune morak-marik ning ndi ora!”
Eza :”Morak-marik ding dhewek be koh ya!”
Ines :”Jiahh...kabeh wong ya weruh Za, koen sing nyrampang sikile Adri!”
Eza :”...”
Adri :”Mboten nopo-nopo Lin, niki emang salahe Adri, Adri sing kari mlaku nglangar”
Eza :”kuweh kan...Adrine ya ngaku salahe dhewek”
Olin :”Tapi kan miki jelas-jelas ko Za sing...”
Adri :”Wis...wis...iki emang salahe Adri
permisi Za, Lin, Nes, ngampurane ya Adri wis gawe keributan nang kene”
(Adri banjur lunga)
Olin & Ines :”Dri...!!”
Eza :”Wis lunga nda wis oh...pan di apakna sih?”
Ines :”Pan di leg”
Olin :”Dih, kaya kuwe nemen sih!”
Ines :”Just guyon Lin...!Hehehh..”
Olin :”Ckckckck...”
Eza :”Wis ah...Aku lunga bae”
Ines & Olin :”Loossssss...”
Adri tes maeup marang WC, tiba-tiba ana Eza, Aji, lan Ilham. Eza nduwe ide nggo ngomongi Adri
Adegan V
Eza :”Eh...eh...si pincang marang WC kweh!”
Aji :”Teyuss...nyong peduli kaya kuwe”
Ilham :”Pan diapakna toli?”
Eza :”kerjani yuh”
Aji :”Mo ah males, ko bae mana!”
Eza :”kaya kuwe ya,jare Plend”
Ilham :”Kaya apa ngerjanine?”
Eza :”Emm...Kaya apa ya”
Aji & Ilham :”Gubrakkkk...”
(ora suwe Adri metu)
Ilham :”Ahaa... Di ganyami bae kae Za!”
Eza :”Ganyami kepimen?”
Ilham :”Ya apa kek”
Eza :”Yuh...yuh...Let’s go!”
(Eza, Aji, lan Ilham mburu marang Adri)
Eza :”Eh, Dri. Pan meng ndi?
Adri :”Aku arep meng kelas”
Ilham :”Eitss...aja giri...aja giri!”
Aji :”Ngko dingin...ngko dingin”
Adri :”Pan apa sih?”
Eza :”Dri, koen bisane pindhah-pindhah sekolah maring mene pimen sih?”
Aji :”Wis bener sekolah ning SLB!!”
Ilham :”Gagahan pindah ning sekolah umum!”
Adri :”Emang pimen? Ora olih?”
Eza, Aji, Ilham :”Oraaa!!”
Adri :”Dih...Wong ding bu Guru be olih koh”
Eza, Aji, Ilham :”...”
Eza :”Heh cah pincang!!Ko aja gagahan nang kene, nang kene tah sekolahane wong elit ngerti!”
Aji :”Iya!!koen kuwe ora pantes sekolah nang kene!”
Ilham :”Mendhing koen tha balik bae mana!”
Adri :”Dih...Karep-karepe nyong”
Eza :”Hasyemmm...Kye bocah ngajak gelut!”
Adri :”Mas Eza, Mas Aji, Mas Ilham, Adri tah sekolah nang kene ora pan ngajak gelut, Adri sekolah nang kene arep golek kanca sing akeh lan geti pengalaman sekolah ing sekolah umum”
Eza :”Jiahhh...Sapa sing gelem dadi kancane ko Dri?!
Lanka Dri langka!!”
Aji :(Dengan wajah polos)”Ana Za”
Eza :”Sapa”
Aji :”Bu Guru, hehehhh”
Ilham :”Koen maning, kye lagi serius koh”
Adri :”Adri nyadar, Adri tah bocah cacat, pincang, ora pantes sekolah nang kene! Tapi Adri ya pengin urip normal kaya bocah-bocah liyane, apa Adri salah?
Tet...Tet...Tet...Bel mlebu moni. Bu Guru sing liwat nang arep WC ndawohi kon padha masup...
Bu Guru :”Hayoo...Bocah lanang koh ngrumpi nang WC. Wis bel oh ya, mana padha mlebu!”
Bocah Kabeh :”Njih Bu”
Olin lan Ines arep marang Perpustakaan, tiba-tiba nalika Olin lan Ines arep mudhun sing tangga, Adri tiba nang kono. Ora ana siji-sija sing arep nulungi Adri malah padha geguyu, ana sing ndholeki kanthi rasa jijik
Adegan VI
Ines :(arep liwat nanging ana Adri lagi lungguh ing dalan, sebab tiba miki durung menyat)
“issshh..minggir minggir!!Bocah pincang minggir minggir! Aku arep liwat malah gongseran ning dalan”
Olin :”ssst Nes!”
Ines :”Apa sih Lin?, heh..krungu ora sih? Domongi kon minggir koh!”
Olin lantas ngulurake tangane marang Adri, kanggo nundan Adri
Olin :”Nes..Iki di bantu mbok ngapa Adrine malah di benthak-benthak kaya ngana pye tho? Adri kan juga menungsa nduweni perasaan juga perasaane wong”
Adri :”Mpun Lin..Ines mboten salah”
(tangane esih ngebut-ngebuti klambine sng reged)
Olin :”Ya..tapi kan Ines kwe wis ngece maring awakmu Dri! Apa koen trima?”
Adri :”Aku tah wis biasa di ece Lin...kupinge Adri wis kebal di ocei omongan-omongan kaya kwe!”
Olin :”Ya Allah Dri..Sabar yah!”
Adri :”Iyah”
Ines :”Ayolah Lin..suwe temen sih?”
Olin :”iya..iya, sabar jeh!”
Ing sekolah Adri ora duwe kanca, kanca- kanca sing lanang malah padha ngenyeki awake Adri, ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing niru-niru solah bawane Adri. Kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau.
Adegan VII
Eza :”Eh..eh, coba ndolek sih kuwe, si pincang!”
Aji :”Endi...endi?”
Ilham :”Lha kuwe, mripatmu nang ndi tho?”
Eza :”Nang dengkul ndean o”
Aji :”oiya kuwe..”
Eza :”kari mlaku kaya kiye”
(mbari niru-niru solah bawane Adri)
Kabeh :”wkwkwkwkwkwk”
tiba-tiba ana Olin lan Ines
Olin :”Hey..Hey..Aja kaya kuwe ou!melasi kaya kuwe kan juga batire dhewek”
Eza :”Sungkan temen batiran karo bocah pincang!”
Aji :”iya sih..males temen”
Ilham :”Gak gak gak level, hello!”
Ines :”iya! Ngko dhewek ketularan kaya kuwe pimen?”
Kabeh kecuali Olin :”iiiiih..gak banget!”
Olin :”wis wis.. meng kelas bae yuh!”
Kabeh :”yuh!”
Wiwit prastawa Olin nulungi Adri, Adri dadi seneng nyedhaki Olin. Adri wis nganggep dadi kancane. Olin ya nrima bae, kanggo Olin kabeh kuwe kancane. Olin ora mbeda-bedakake kanca. Nanging, Olin ora chedak-chedak banget karo Adri, mugn kanca biasa. Soale Olin ya nduwe kanca kenthel dhewek. Pokoke nang endi-endi Olin lan kanca-kancane di tutke.
Nganthi sawijining dina, pas Olin lan kanca-kancane padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang Olin lan kanca-kancane.
Adegan VIII
Adri :”Hai Lin..”
Olin :”Eh..Hai”
Eza :”Ih, apa sih koen dri? Mene-mene pan apa?”
Adri :”Aku arep melu dholan karo Olin”
Ines :”Lin aja lah Lin”
Aji :”Iya Lin aja”
Ilham :”Iya sih..Nyumpegi tok”
wis ngrasa ora kepenak, Olin ngusir Adri nanging carane alus.
Olin :”mm...Ngapuntene Dri, Adri sampun mriki krihin”
Adri malah tambah nyedhaki Olin
Eza :”Dihh...Malah tambah nguntit”
Ilham :”Lin..Kuwe ouh kon lunga”
Olin sing lagi sensitif dadi benthak Adri
Olin :”Adri, mana lunga sih! Aja nguntit bae”
Adri kaget, Adri mlayu mbuh meng ndi
Udhakara patang wulan sak banjure kuwe, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Olin dadi khawatir.
Adegan IX
Olin :”Ngapa Adri seminggu kye ora mangkat cah?”
Ines :”Ya mbuh yah”
Aji :”Metu ndean?”
Eza :”semoga baelah, cah kaya kuwe be, ngrusak pemandangan tok”
Olin :”Heh..Aja ngece ouh,kaya kae naha batire dhewek ouh”
Ines :”emm...Iya sihh”
Ilham :”Heh bocah, ngko balike coba meng umahe Adri yuh!”
Olin :”Yuh..yuh, tapi kan ora ngerti alamate”
Ines :”ngko takon nang Bu Guru o”
Olin :”ya wis, ngko ya..Sapa sing pan melu?”
Ines :”Aku melu”
Aji :”Aku iya”
Ilham :”Aku...Makmum bae wis”
Olin :”koen sih Za?”
Eza :”Terpaksa,,melu”
Olin :”Ok”
Balik sekolah Olin sakanca takon Bu Guru, umahe Adri nang ndi
Adegan X
Olin :”Bu, badhe taken grione Adri teng pundi sih Bu?”
Bu Guru :”Lha duko, Ibu mboten ngertos”
Ilham :”Cobi o Bu, teng daftar alamat siswa di goleki”
Bu Guru :”o gih, mengkin sekedap. Niki grione Adri teng...”
Ines :”o gih, tur nuwun Bu”
Bu Guru :”Sami-sami. Badhe ngge nopo sih niku alamate?”
Eza :”Pan di leg”
Olin :”Huzz”
Aji :”Badhe nengok Adri Bu, mpun seminggu Adri mboten pangkat”
Bu Guru :”Yuh Ibu melu”
Ibu Guru, Olin lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat umahe Adri, nganti taken ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung.
Adegan XI
Aji :”Endi cah...umahe Adri?”
Ilham :”hmm...iya kyeh. Panas pisan belih”
Olin :”sabar oh sabar”
Bu Guru :”Nggih..niku sabar, orang sabar niku di sayang Tuhan”
Eza :”Yaelah..Si Ibu malah ceramah, lagi kepanasen”
Ines :”Eh, kuwe ana wong, takon yuh”
Aji :(gonthok-gonthokan)”Giyan o koen takon”
Bu Guru :”Mpun mendel.
Bu, ngapunten grione Adri teng pundi gih?”
Ibu :”Adri? Bocah sing sikile pincang?”
Bocah :”gih Bu, grione teng pundi?”
Ibu :”Ohh, mriki ndherek Ibu, ta tudhuhaken grione”
Banjur dhewe takon ing ngarep umah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Ibu kuwi mbuka lawang sing gedhe dhuwur saka kayu jati.
Ibu :”Monggo mlebet, iki umahe Adri”
Bocah :”Hahh”
Reza :”Edan..umahe amba nemen kaya lapangan”
Aji :”huzz..ngawur, masa lapangan nang jero umah?”
Olin :”ssstt, aja ribut, ngisin-ngisinna sih”
Ines :”halahh, biasa ngisin-ngisinna sih”
Bu Guru :”lha Ibu niki sinten?”
Ibu :”Ohh, kulo Ibune Adri”
Ilham :”whatt?”
Aji :”Hahh”
Eza :”Lokeen?
ha, mamane ayu nemen ya kaya Nikita Willy?
Aji :”Sing benning...masa kaya kuwe Nikita Willy sih?”
Olin :”wis oh meneng”
Ibu :”Monggo pinarak!”
(bocah lan Bu Guru padha njagog)
Bu Guru :”ngapunten Bu..sa’benere kulo mriki badhe taken Adri.
Adri sebenere teng undi? Mpun lami Adri mboten pangkat sekolah?”
(ibu Adri wis ngerti takene dhewek arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang)
Ibu :”Sebenere heks..heks..heks. nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang Adringlakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional”
Eza :”Bahh, nginungi obat-obatan. Nda obat temenan ouh. Kiraneng cepet mari”
Aji :”huzz.. Aja kaya kuwe o. Ana mbokene ya”
Olin :”ssstt...ssstt”
Ilham :”Terus terus Bu, pipun”
Eza :”terus terus bae kaya tukang parkir”
Bu Guru :”ssstt...Sampun ribut mawwon, mboten sopan”
(Ibu banjur crita maning)
Ibu :”maklum bu bocah.
wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkono, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengin banget mlebu sekolah umum kanggogolek kanca. Sa’durunge Adri sekolah nang SLB. Adri wis ditinggal bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara nduwe penyakit sing padha karo Adri”
(crita Ibu Nely, Ibune Adri)
Olin :”lha Bu, saiki Adri nang pundi?”
(takon Olin nyela critane Ibu. Olin wis ora sabar, atine Olin wis dag dig dug ora karuan. Pikirane Olin wis nang ndi-ndi)
Ibu :(nundhuk)Adri wis nyusul bapake”
Bocah :”hahh.. Sing benning?”
Bu Gura :”Leres niku Bu?”
Ibu :”gih Bu..hiks hiks hiks”(mbari nangis)
kanthi rasa ora percaya, Olin an kanca-kancane padha nangis.
Olin :”dadi Adri wis meninggal? Ngopo cepet banget? Aku durung sempat njaluk ampura marang Adri. Huhuhuhuhu”
Aji :”ya Allah, Adr, aku durung jaluk ampura”
Ilham :”Aku iya ya Dri..Aku njaluk ampurane”
Bu Guru :”Bu, dhewek olih meng kuburane Adri ora?”
Ibu :”gih Bu”
(ibu, Bu Guru lan Bocah-bocah meng kuburane Adri. Sa’tekane nang kuburan ibune Adri langsung nangis)
Ibu :”Iki kuburane Adr”
Bocah :”Hu hu hu Adri”
(ibu Guru lan bocah padha ndonga nang kuburane Adri. Sa’wise ndonga, ibune Adri langsung nein surat marang Olin)
Ibu :”Iki dek Olin”
Olin :”gih Bu”
Ibu :”sa’durunge lunga, Adri pesen karo ibu karaben surat iki di aturake Olin. Adri pengin ngucapake matur nuwun amarga dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca Sepisan Lan Pungkasane Adri”
(Bu Nely maringi lipetan kertas saka kantonge)
(Olin mbuka lipetan kertas mau. Terus ngomong)
Olin :”Dri, kulo njaluk ngampura ya..”
(Olin nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep olin kancane, malah sahabate)
TAMAT